100 Highlights Afrikas Süden: Südafrika, Namibia, Botswana und Simbabwe

100 Highlights Afrikas Süden: Südafrika, Namibia, Botswana und Simbabwe

B. Daerah Tolong artikan aksara Jawa iku ya Sama soalx juga di jawab..
Mohon bantuannya yha kkak

Tolong artikan aksara Jawa iku ya Sama soalx juga di jawab..
Mohon bantuannya yha kkak

Aksara Latin:

Tanduran Obat Kulawarga

Tanduran obat kulawarga kang kacekak toga iku tanduran asil budidaya omahan sing anduweni kasiat minongka obat. Dene taman obat kulawarga sejatine arupa lemah pekarangan, kebon utawa tegalan sing dianggo nandur lan ambudidaya tanduran sing anduweni kasiat obat kanggo kebutuhan kulawarga ngenani obat-obatan. Asiling tanduran obat utawa bahan obat sabanjure bisa disumambrahake marang masarakat kang ambutuhake.

Budidaya tanduran obat kulawarga bisa nyengkuyung usaha cilik lan menengah ing babagan obat-obatan. Saben kulawarga bisa ambudidaya tanduran obat kanthi mandhiri. Tanduran kang kagolong tanduran obat sin umum ditandur ing masarakat kayata: suruh, kunir, temulawak, lan sapanunggalane. Menawa ana ing kutha lan ora duwe pekarangan bisa tinandur ana ing pot-pot kang biyasane kanggo nandur kembang.

Wangsulan Pitakon:

1. Apa irah-irahane teks ing dhuwur?

➡️ Irah-irahan/judul teks ing dhuwur yaiku "Tanduran Obat Kulawarga"

2. Apa sejatine kang diarani taman obat kulawarga iku?

➡️ Sejatine kang diarani taman obat kulawarga yaiku arupa lemah pekarangan, kebon, utawa tegalan kanggo nandur lan ambudidaya tanduran sing duwe kasiat obat kanggo kebutuhan kulawarga ngenani obat-obatan.

3. Budidaya tanduran obat iku apa paedahe?

➡️ Paedahe budidaya tanduran obat yaiku bisa nyengkuyung usaha kecil lan menengah ing babagan obat-obatan.

4. Sing kagolong tanduran obat lan umum ditandur ana ing masyarakat iku apa bae?

➡️ Sing kagolong tanduran obat umum yaiku kayata: suruh, kunir, temulawak, lsp.

5. Ana ing kutha umume pekarangane ciut-ciut malah ana sing ora duwe pekarangan kanggo nandur toga. Kepriye carane supaya tetep bisa nandur?

➡️ Menawa ana ing kutha lan ora duwe pekarangan bisa nganggo pot-pot kang biyasane dianggo nandur kembang.

_________________

Detail Jawaban

  • Mapel: B.Daerah
  • Kelas: 7
  • Materi: Aksara Jawa
  • Kode: 13
[answer.2.content]